Embuh Kok dadi kepikiran ngeBlog judule Sak Madyo. Iki amargo Pikiran munyer2 tekan endi-endi lan urung nemu endinge. Lan piye maneh, tinimbang kegowo pusing sing rung ono solusine, yo akhire iseng-iseng nulis, nyorat-nyoret. Men rodo nandes lan iso nrawang sing wis kedaden mbiyen lan syukur iso ngadepi suk emben sing urung kedaden. Intine men siap lan sigap karo opo wae.

Sing penting tekan, lan kudu ono proses. Ra popo kadang alon, kadang banter, sing penting ono proses, iso ajek kwi yo apik. Syukur ono Tren Positip. Tapi tetep sing paling matuk kwi tetep Sak Madyo, sak cukupe. Akeh ning ra cukup kwi yo dadi perkoro, kadang luweh kepenak nek sitik tapi nyukupi, yo kwi mau kuncine. Sak Madyo wae… kurangi ndakik-ndakik, opo maneh omongan sing duwur. Kesampluk pesawat iso dadi perkoro.

Wis ngono wae… Sak Madyo sik wae…

0 Shares:
5 comments
  1. Urip emang kudu Sak Madyo.. sing penting ora OVER sembarange.. penak lan di gapangke urusane….

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

You May Also Like