Sak Madyo

By

Jauhari

5 Desember 2016, 17:05 WIB

Sak Madyo wae
Sak Madyo wae

Embuh Kok dadi kepikiran ngeBlog judule Sak Madyo. Iki amargo Pikiran munyer2 tekan endi-endi lan urung nemu endinge. Lan piye maneh, tinimbang kegowo pusing sing rung ono solusine, yo akhire iseng-iseng nulis, nyorat-nyoret. Men rodo nandes lan iso nrawang sing wis kedaden mbiyen lan syukur iso ngadepi suk emben sing urung kedaden. Intine men siap lan sigap karo opo wae.

Sing penting tekan, lan kudu ono proses. Ra popo kadang alon, kadang banter, sing penting ono proses, iso ajek kwi yo apik. Syukur ono Tren Positip. Tapi tetep sing paling matuk kwi tetep Sak Madyo, sak cukupe. Akeh ning ra cukup kwi yo dadi perkoro, kadang luweh kepenak nek sitik tapi nyukupi, yo kwi mau kuncine. Sak Madyo wae… kurangi ndakik-ndakik, opo maneh omongan sing duwur. Kesampluk pesawat iso dadi perkoro.

Wis ngono wae… Sak Madyo sik wae…

Author Image

Author

Jauhari

Abu @YashfaJauhar @ShaffiyaJauha Isteri @IvaFitria tinggal di @DesaPonjong Gunungkidul Yogyakarta Co. Founder NGONOO.com

Related Post

5 pemikiran pada “Sak Madyo”

Tinggalkan komentar